Rabu, 22 Mei 2019

TULADHA CRIKAK (CRITA CEKAK)


SALAH TAMPA


Dak etung-etung wis meh setaun aku kuliah ning UNS.  Dumadakan aku kelingan pas jaman-jaman PKKMB.  Pas PKKMB  rasa panas, adem, susah, seneng  lan kesel dak lakoni kanthi bareng-bareng kanca sing lagi wae aku kenal.  Salah sawijining kanca sing tak kenal banget  jenenge Yanto. Yanto iku kancaku kelompok PKKMB lan kancaku saprodi. Aku karo Yanto bareng terus sakwene PKKMB. Sawijining dina, aku dititipi Yanto kuitansi kanggo jupuk kaos dinggo dina terakhir PKKMB yaiku acara Student Vaganza. 
Esuke sak durunge kumpul ing stadion, aku janjian ketemu karo Yanto dhisik ning parkiran. Pas aku wes tekan parkiran, aku nunggu Yanto suwe banget, sekitar sejam luwih Yanto lagi teka. Akhire aku nyeneni Yanto amarga wonge ora teka-teka.
“Kowe ki suwe tenan jane nyangdi wae kat mau ?” omongku karo nesu –nesu.
“Yo sepurane, aku mau oleh alangan ning ndalan.” saure Yanto .  
“Alangan apa ?”
“Mau pitku kebanan gek durung enek bengkel sing bukak, dadi aku nunggu bengkele bukak dhisik.”
“Ya wis ya wis gek endang ayo selak acarane wiwit” ajakku. Banjur aku ngancani Yanto ganti. Acara Student Vaganza kaleksanan kanthi lancar tanpa alangan.
Sakwise PKKMB, aku wis ora tau ketemu Yanto amarga ora sak kelas uga wis ora tau enek kabar saka Yanto. Nanging aku ratau gagas Yanto amarga sing uwis yo wis aku wis oleh kanca anyar meneh. Kancaku sing iso ngerteni aku lan enek pas aku lagi seneng lan susah. Kancaku kuwi jenenge Linda, wonge apik eram karo aku wis tak anggep keluargaku dewe.
Sawijing dina Linda dolan menyang kostku, dheweke curhat menyang aku nek lagi seneng karo kancane sak prodi.
“Sapa kanca sing mbok senengi Lin ?” takonku.
“Si Yanto kae lo Din cah kelas c sing ganteng dhewe.  saure Linda.
“Sing ndi to Lin, tak delok fotone.
“Iki lo Din.” (karo duduhne foto menyang Dina).
“Oalah iki to, Yanto kancaku pas PKKMB. Cie cie sing lagi bungah eram.
“Ndang Din, takokono Yanto kepiye rasane menyang aku ?”
“Gampang mengko tak takokne Yanto.”
“Suwun ya, kowe kancaku sing paling apik dhewe.”
Sakwise Linda curhat, aku dadi pengen takok kabare Yanto. Akhire tak wani-wanine aku sms Yanto disik nakokne kabare kepriye.  Saben dina akhire aku sms-an karo Yanto. Saya suwe aku wani-wanine omong nyang Yanto nek Linda seneng karo dheweke. Nanging wangsulane Yanto malah gawe aku bingung.
Wis seminggu aku ora sms-an karo Yanto. Pas aku lagi gojekan karo Linda, hpku muni enek sms mlebu. Pas tak bukak jebule sms kuwi saka Yanto. Tak waca karo delik-delik supaya Linda ora ngerti yen Yanto sms aku.
“Din, bar kuliah iso ora ketemu dilit ?” pitakone Yanto. Aku dredek amarga Yanto ngajak ketemu.
“Enek apa Yan ?”  takonku.
“Enek sing ameh tak omongke karo kowe Din.”
“Ameh omong apa to Yan, bok sakiki wae.”
“Mengko wae Din, nek ketemu wae, soale iki penting.”
Ya wis ya wis, ana ngdi ketemune ?”.
“Ana taman, tapi kowe aja karo Linda ya.”
“Iya Yan.”
Sakwise pakuliahan rampung aku langsung pamitan nyang Linda nek ameh menyang taman. Awale Linda ameh melu tapi aku golek alesan supaya Linda ora melu. Pas aku tekan taman nek kana wis ana Yanto sing lagi lungguh nunggoni aku. Aku langsung mlayu lungguh ning sampinge Yanto.
“Arep omong apa Yan ?”. takonku karo menggeh-menggeh.
“Ngene Din, a….ak..aku …sakjane…”.
“Sakjane ana apa to Yan ? Jare enek sing penting ?”.
“Ngene Din, aku sebenere seneng karo kowe. Aku krasa nyaman karo kowe kat awal PKKMB .”
“Weh, kok malah dadi kaya ngene, sing seneng karo kowe kan Linda.”
“Aku ra seneng karo Linda Din, senengku gur karo kowe.”
Ujug-ujug Linda teko ning ngarepku lan Yanto, dheweke nangis amarga krungu apa sing diomongke Yanto. Linda muring- muring ning aku banjur dheweke lunga ninggalke aku karo Yanto. Aku ameh nyusul Linda nanging aku ameh rampungke masalah iki karo Yanto.
“Yan, sedurunge aku jaluk ngapuraya, aku ora seneng karo kowe Yan, sing seneng karo kowe ki Linda. Ya wis ya, aku tak nusul Linda dhisik, mesakne wonge nangis.”
“Yo din, aku jaluk pangapura mergo aku, Linda dadi salah tampa.”
“Wis rapapa, tak rampungke masalah iki karo Linda.” (Aku banjur nusul Linda). Bar kedadean kui Linda nesu karo aku, sms-ku ora tau dibales, pas ketemu ning kampus dheweke meneng wae, saben tak cedaki dheweke langsung lunga.
Wis sesasi Linda ngenengke aku, akhire tak wani-wanine omong nyang Linda. Bar kuliah Linda tak jak menyang taman, enek taman tak jelaske kedadean sing sabenere.
“Ngene lo lin, aku karo Yanto ki ora pacaran, aku karo Yanto mung kanca biasa. Aku ijik tetep milih kowelah mosok aku nikung kanca.” omongku.
“Halah ngaku wae lo Din, nek kowe ki pacaran karo Yanto.” saure Linda karo nesu.
“Ora yo Lin, kowe wis retikan aku wonge kepiye, aku ora tau nikung kanca. Pas kowe teka aku durung nyauri to?, kowe durung reti wangsulanku to?. Aku ki nolak Yanto amarga aku ora seneng karo Yanto. Lak sing seneng karo Yanto ki kowe, aku gur nganggep Yanto ki kanca biasa. Awale aku dijak ketemu Yanto jarene ameh omong penting, tak kira kuwi maslahmu karo Yanto. Yanto malah omong menyang aku nek dheweke seneng.
“Sepurane yo Din, nek aku wis salah tompo menyang kowe sakwene iki.”
“Orapapa Lin, aku yo jaluk pangapura nek duwe salah menyang kowe.”
Bar kedadean salah tampa iku akhire aku lan Linda tambah raket kekancanane. Aku lan Linda ora tau nesu-nesunan maneh, kene sakiki luwih jaga kekancan tinimbang liyane.

~ C U T H E L ~





PAWARTA (Pangerten, Ciri lan Unsur)

Pangerten, Ciri lan Unsur Pawarta



1. Pangerten Pawarta
           Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenai sawijing prastwa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Pawarta (news) uga bisa diarani sawijining sajian utama kang ana ing mediya massa kajaba opini (views).  Golek bahan kanggo pawarta banjur ngrakit minangka salah sawijining tugas pokok wartawan lan bagian redaksi ana ing penenrbitan pers (media massa).
            Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) yaiku : 
   a.  tinemu ing akal (penalaran logis);
   b.  informasi pepak kang jumbuh karo 5W+ 1H;
   c.   struktur basa kang trep;
   d.  diksi trep ora ambigu;
   e.   marik kawigaten;
   f.   basa kang nengsemake. 

2. Perangan Pawarta 
     a.  Headline (judul/irah-irahan)
           headline yaiku irah-irahan kang gunane kanggo : nggampangke pamaca ngereteni 
           pawarta kang bakal diwaca, nudukake pawarta kang dianggep wigati kanthi werna-
           werna aksara utawa gambar.
     b.  Deadline (batas wektu)
          Deadline  yaiku nuduake papan kedadeyan lan jeneng media massa. Mula perangan 
          iki nyebut jenenge media massa, papan, lan tanggal kedadeyan 
     c.   Lead (teras pawarta)
          lead biyasane katulis ing wiiwtan pawarta/ing paragraf kapisan. Bab kasebut tinulis 
          amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati 
          pawarta, lan gambarake sakabehe pawarta.
     d.  Body language (surasane pawarta, bahasa tubuh) 
          Surasane nyritakake prastwa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos lan cetha.


3. Sifat Pawarta 
       a.  Aktual (anyar)
       b.  Jarak (adoh/cedhak)
       c.  Penting.
       d.  Akibat
       e.  Congkrah/konflik
       f.  Tintrim (ketegangan)
       g.  Kemajuwane inovasi utawa teknologi
       h.  Emosi
       i.   Humor

4. Unsur Pawarta 
           Unsur-unsur kang kudu ana  ing pawarta yaiku 5W (what,where,when, why, who) +
      1 H (how)  - (apa, ing ngendi, kapan, kenapa, sapa, kepriye). 

5.  Tuladha Pawarta 

                                            LINDHU ING SITUBONDO
     

Kemis, 11 Oktober 2018 tabuh 1:44 WIB, wonten lindhu kakiyatan 6,4 SR ngguncang dhaerah Situbondo, Jawa Timur. Lindhu kasebut miturut informasi saking Badan Meteorologi Klimatologi dan Geofisika (BMKG) pusat lindhu wonten ing 61 km sisih wetan laut Situbondo, Jawa Timur, amargi obahipun sesar kambing ing jero lempeng. Titik Koordinat lindhu kasebut inggih punika 7,42 LS lan 114,47 BT. Lindhu kang jerone  10 km saking segara kasebut boten nimbulaken tsunami. Miturut Kepala Pusat Data Informasi dan Humas Badan Penanggulangan Bencana (BNPB), Sutopo Purwo Nugroho, wonten tiga tiyang ingkang seda, sekawan tiyang nandang tatu, lan wonten griya ingkang rusak ing Kabupaten Sumenep. Dhaerah ingkang ngalami kerusakan parah wonten ing Kecamatan Gayam, Kepulauan Sepudi, Kab. Sumenep, Jawa Timur. BPBD Provinsi Jawa Timur lan BPBD Kabupaten Sumenep taksih ngempalaken dhata babagan kerusakan bangunan. 

Crikak (Crita Cekak)



1. Pangerten Crikak 
             Crikak (crita cekak) yaiku gancaran sing ngandharake sarining kedadeyan utawa lelakon saka awal nganti pungkasan kanthi cekak lan prasaja. Crikak iku dumadi saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa. Kang mbedakake crikak karo crita liyane yaiku crikak iku diceritakake sepisan rampung lan bisa nuduhake karampungan crita. Crita cekak namung tinulis kanthi cekak lan prasaja. Surasane crita uga mung prasaja, ora butuhake cara ngrampungake kanthi jlimet. 

2. Unsur Crikak
          Unsur intrinsik ing crikak yaiku :
    a.  Tema 
         Tema yaiku ide pokok utawa masalah sing utama kang dhasari lakuning crita.
    b.  Setting 
         Setting yaiku latar sing bantu cethaning laku crita. Setting iku ngemot wektu, papan/
         panggonan, sosial budaya.
    c.  Punjering crita (sudut pandang)
         Punjering crita diperang dadi 3, yaiku sudut pandang paraga utama, sudut pandang paraga
         bawahan, sudut pandang impersonal. 
    d.  Alur/plot 
         Alur/plot yaiku rerangkening/cengkoranganing prastawa/kedadeyan ing crita. Alur diperang 
         dadi 2 perangan, yaiku alur maju (progresif) lan alur mundur (flash back progresif). 
    e.  Penokohan 
         Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere
         saka tumindake, ciri fisike, lingkungan, lan sapiturute.
    f.  Konflik 
        Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita. Konflik ing crikak pancen diketokake prakara apa
        kang dadekake crita iku narik kawigaten. 

           Unsur ektinsik ing crikak yaiku :
     a.  Nilai kang kamot ing sajroning crikak 
          Nilai kang apa ing crikak yaiku nilai budaya, nilai sosial, nilai moral, nilai keagamaan/ religi,
          nilai pendidikan, lan nilai kemanusiaan. 
     b.  Latar belakang pangarang

3. Tuladha Crikak 
 https://publicdomainvectors.org/id/bebas-vektor/Gambar-muda-pria-dan-wanita-di-luar-baris-vektor/32312.html
        
BALINE KANCA CEDHAK

Esuk iki aku karo kancaku mlaku – mlaku ning daerah desa Pandan. Ora kaya biasane hawane dina iki luwih adem mergone wingi bar udan. Embun kang isih ana ning dhuwur godhong lan manuk – manuk sing pada miber ngalor ngidul ngetan ngulon, angin kang semripit uga mambu lemah sing marai ning ati ayem nambah suasana desa dadi sejuk iki. Aku karo Riyana dek wing wis janjian nek mangkate bar subuh. Tapi ngasi jam 5 kurang 10, Riyana ora teka- teka. Akhire aku mangkat karo ngampiri dheweke.
“ Assalamualaikum” ( omongku karo ndodoki lawang ning omahe Riyana) .
Tak undangi suwe tapi kok ora enek swarane,  
“Apa mungkin Riyana isih turu ya ?” (gunemku ning ati).
Amarga ora enek sauran lan tak sms ora dibales akhire aku nekat mangkat dhewe. Lagi ameh mlaku ninggalke omahe Riyana, aku krungu ana sing bukakne lawang.
“ Eh, Lin kosek – kosek enteni, tak sholat sek ya, reneo sek lungguh ning kene” ( omonge Riyana karo mlayu ning jero omah)
Aku mlaku meneh nyang ngarep omahe Riyana lan lungguh – lungguh ning kursi ing ngarep omahe Riyana.
            “ Ayo Lin, aku wis siap , sido to ?”
            “ Yo jelas sidolah, nek ra sido ngopo aku tekan kene barang”
            “ Yo wis ayo” ( omonge Riyana karo narik tanganku)
Ning dalan aku rada pegel merga Riyana tangine rada awan. Pas aku mlaku – mlaku wis ameh tekan sawah aku ketemu karo rombongan cah lanangan sing saka arah liya padha mlaku – mlaku. Ning desa iki akeh wong –wong tuo uga remaja sing padha mlaku – mlaku ing wayah esuk. Pas ameh papasan karo rombongan kuwi aku kaya kenal salah sijine uwong yaiku sing paling buri dhewe. Wong kuwi mau ngobrol karo kanca – kancane nanging pas ameh cedak aku wong kuwi mau nemetke aku, bar kuwi wonge kuwi langsung kaya ra kenal ngono kae. Kancane kabeh podo ngosoni aku karo wong kuwi. Nanging aku langsung ngajak Riyana mlaku rada cepet ninggalke rombongan kuwi.
            “ Eh, Lin bukane kuwi mau Goldhi ?” (pitakone Riyana ning aku )
            “ Iyo Ri, kuwi mau Goldhi” ( saurku)
            “ Weh, bukane kowe cedak ya karo kono, lha kok Goldhi kaya ora kenal kowe ngono Lin”
            “ Mbuh Ri, bar kedadean kae kono rada piye ngono lo nyang aku”
            “ Weh kedadean apa to Lin, kok kowe ra crito apa – apa nyang aku”
           “ Ngene lo Ri tak critani, 2 tahun biyen aku emang cedak karo Goldhi nanging pas ana salah paham antara aku karo Goldhi, dheweke rada piye ngono nyang aku, ya kaya kuwi mau”
Aku dadi kelingan 2 tahun kepungkur pas isih cedak karo Goldhi.
Aku karo Goldhi ki cedak banget ngalor ngidul ngetan ngulon mesti cah loro kuwi wae. Aku karo Goldhi cedake mergo awake kerep latihan band bareng lan manggung bareng. Nganti kanca – kanca band ki padha reti nek aku karo Goldhi lagi cedak. Goldhi kuwi wonge ireng manis, pinter nyanyi ,dheweke sopan lan apik atine. Mulo kuwi aku dadi kesengsem karo Goldhi.  Pas salah sawijing dina meh pentas ning acara Alas Kitchen aku wis janjian karo Goldhi ning kono. Tapi gara – gara Goldhi ora bales smsku akhire aku sms nyang kancaku sing pentas dina kuwi. Aku takok bande Goldhi tampil jam piro, eh ternyata tampil jam 9.  Sedurunge aku mangkat aku yo wis diampiri nyang kancaku jenenge Gepeng. Gepeng kuwi seneng karo aku nanging aku gur nganggep kanca biasa.Gepeng tak kon mangkat dhisik nanging dheweke ngekei syarat nyang aku, nek aku dikon nonton dheweke nyanyi. Tenyata Gepeng tampile sedurunge Goldhi, aku langsung siap – siap menyang Alas Kitchen.
Pas teka tempate aku bingung meh lungguh ngendi soale nggon kono kebak kabeh. Ujuk – ujuk Gepeng teka nyedaki aku, pas saat kuwi Goldhi mudeng dikirone aku pacaran karo Gepeng. Semenjak kuwi aku karo Goldhi ra tau hubungan.
            “ Weh, apa ra tok jelasne to Lin ?”
            “ Uwis Ri, nanging Goldhi ra tau ngrungokne penjelasanku, wonge keras kepala banget nek wis cemburu ki, aku bingung kudu piye mosok dheweke nganggep aku kaya musuh”
            “ Piye yo Lin” ( Riyana mikir – mikir ) “ Eh, Goldhi isih ngeband ora ?”
            “ Isih Ri, jenenge nek ra salah Break The Limit”
            “ Break The Limit ? pas banget aku duwe kanca ning kono” ( saure Riyana)
            “ Sopo Ri ?”
            “ Taufiq, wonge apik kok , mengko tak takokne dhisik supaya kowe iso kancanan meneh karo Goldhi”
            “ Ok Ri, kowe kancaku sing paling apik dewe, usahane ya aku wegah musuhan soale mosok gur mergo kaya ngono nganti sakiki ora akur” ( omongku karo ngrangkul Riyana )
Ora krasa lehku mlaku – mlaku wis awan aku karo Riyana age – age mulih, merga durung umbah - umbah. Sedurung menyang omah dewe – dewe aku mesen nyang Riyana supaya ora lali nakokne nyang Taufiq.
Wis seminggu iki kok Riyana ora ana kabar, padahal aku ning kene nunggoni kabare sing ameh ngewangi aku ben akur meneh karo Goldhi. Lagi ameh sms Riyana, ujuk –ujuk Riyana sms dhisik nyang aku ngajak ketemuan. Aku langsung siap – siap nyang panggonan sing wis ditentokne.
Pas aku tekan kono aku ra nyangka nek enek Taufiq karo Goldhi, aku isin jane meh rono tapi merga aku wegah musuhan tak wani – wanine rono. Aku langsung ngundang Riyana, nyang Riyana langsung kon lungguh, tapi wajahe Goldhi ra menaki.
            “ Wis lah Go, wis 2 tahun kepungkur apa kowe karo Linda gur meh kaya ngene wae, jenenge salah paham ki wis kulino, tapi kan kudune bisa dirampungke, kowe karo Linda yo wis gedhe bisa mikir ndi sing apik ndi sing ora to ?” ( omonge Riyana nyang Goldhi)
            “ Iyo Go, aku jaluk ngapura nek pas kedadean kae kowe salah paham nyang aku, tapi aku jaluk tulung awake dhewe aja ngene wae, akur ben bisa kekancan meneh”
            “ hmm,,, iyo Lin, aku wis mudeng critane kepiye, aku wis dicritani nyang Riyana karo Taufiq, aku ya jaluk ngapura nek aku wis salah paham karo kowe” ( Jawabe Goldhi)
            “ Nah, ngono to disawang kan penak, nek enek salah paham ki langsung dirampungke wae ben ra kedawa – dawa” ( omonge Taufiq )
            “ ehem – ehem bisa cedhak meneh iki, kan padha – padha jomblo” ( omonge Riyana)
            “ he, apa sih Ri” ( saurku karo njiwit Riyana)
Saka masalah iki aku, Riyana , Godhi, Taufiq dadi kanca lan aku karo Goldhi dadi cedhak meneh. Aku karo Goldhi dadi jikuk hikmah saka masalah iki lan duwe prinsip nek enek salah paham langsung dirampungke apik – apik lan bisa hargai pendapate wong liya.

~ C U T H E L ~