SALAH TAMPA
Dak
etung-etung wis meh setaun aku kuliah ning UNS.
Dumadakan aku kelingan pas jaman-jaman PKKMB. Pas PKKMB
rasa panas, adem, susah, seneng lan kesel dak lakoni kanthi bareng-bareng
kanca sing lagi wae aku kenal. Salah
sawijining kanca sing tak kenal banget
jenenge Yanto. Yanto iku kancaku kelompok PKKMB lan kancaku saprodi. Aku
karo Yanto bareng terus sakwene PKKMB. Sawijining dina, aku dititipi Yanto kuitansi
kanggo jupuk kaos dinggo dina terakhir PKKMB yaiku acara Student Vaganza.
Esuke
sak durunge kumpul ing stadion, aku janjian ketemu karo Yanto dhisik ning parkiran. Pas aku
wes tekan parkiran, aku nunggu Yanto suwe banget, sekitar sejam luwih Yanto
lagi teka. Akhire aku nyeneni Yanto amarga wonge ora teka-teka.
“Kowe ki
suwe tenan jane nyangdi wae kat mau ?” omongku karo nesu –nesu.
“Yo
sepurane, aku mau oleh alangan ning ndalan.” saure Yanto .
“Alangan
apa ?”
“Mau
pitku kebanan gek durung enek bengkel sing bukak, dadi aku nunggu bengkele
bukak dhisik.”
“Ya wis
ya wis gek endang ayo selak acarane wiwit” ajakku. Banjur aku ngancani Yanto
ganti. Acara Student Vaganza
kaleksanan kanthi lancar tanpa alangan.
Sakwise
PKKMB,
aku wis ora tau ketemu Yanto amarga ora sak kelas uga wis ora tau enek kabar
saka Yanto. Nanging aku ratau gagas Yanto amarga sing uwis yo wis aku wis oleh
kanca
anyar meneh. Kancaku sing iso ngerteni aku lan enek pas aku lagi seneng lan
susah. Kancaku kuwi jenenge Linda, wonge apik eram karo aku wis tak anggep
keluargaku dewe.
Sawijing
dina Linda dolan menyang kostku, dheweke curhat menyang aku nek lagi seneng
karo kancane sak prodi.
“Sapa
kanca sing mbok senengi Lin ?” takonku.
“Si Yanto
kae lo Din cah kelas c sing ganteng dhewe.” saure Linda.
“Sing ndi
to Lin, tak delok fotone.”
“Iki lo Din.”
(karo
duduhne foto menyang Dina).
“Oalah
iki to, Yanto kancaku pas PKKMB. Cie cie
sing lagi bungah eram.”
“Ndang Din,
takokono Yanto kepiye rasane menyang aku ?”
“Gampang
mengko tak takokne Yanto.”
“Suwun
ya, kowe kancaku sing paling apik dhewe.”
Sakwise
Linda curhat, aku dadi pengen takok kabare Yanto. Akhire tak wani-wanine aku
sms Yanto disik nakokne kabare kepriye. Saben dina akhire aku sms-an karo Yanto. Saya suwe
aku wani-wanine omong nyang Yanto nek Linda seneng karo dheweke. Nanging
wangsulane Yanto malah gawe aku bingung.
Wis
seminggu aku ora sms-an karo Yanto. Pas aku lagi gojekan karo Linda, hpku muni
enek sms mlebu. Pas tak bukak jebule sms kuwi saka Yanto. Tak waca karo delik-delik supaya
Linda ora ngerti yen Yanto sms aku.
“Din, bar
kuliah iso ora ketemu dilit ?” pitakone Yanto. Aku dredek amarga Yanto ngajak
ketemu.
“Enek apa
Yan ?” takonku.
“Enek sing
ameh tak omongke karo kowe Din.”
“Ameh omong apa to Yan, bok sakiki wae.”
“Mengko wae Din, nek ketemu wae, soale iki penting.”
“Ya wis
ya wis, ana
ngdi ketemune ?”.
“Ana taman,
tapi kowe aja karo Linda ya.”
“Iya Yan.”
Sakwise
pakuliahan rampung aku langsung pamitan nyang Linda nek ameh menyang taman.
Awale Linda ameh melu tapi aku golek alesan supaya Linda ora melu. Pas aku
tekan taman nek kana wis ana Yanto sing lagi lungguh nunggoni aku. Aku langsung
mlayu lungguh ning sampinge Yanto.
“Arep
omong apa Yan ?”. takonku karo menggeh-menggeh.
“Ngene Din, a….ak..aku …sakjane…”.
“Sakjane ana apa to Yan ? Jare enek sing penting ?”.
“Ngene Din,
aku sebenere seneng karo kowe. Aku krasa nyaman karo kowe kat awal PKKMB .”
“Weh, kok
malah dadi kaya ngene, sing seneng karo kowe kan Linda.”
“Aku ra
seneng karo Linda Din, senengku gur karo kowe.”
Ujug-ujug Linda teko ning ngarepku lan Yanto, dheweke nangis amarga
krungu apa sing diomongke Yanto. Linda muring- muring ning aku banjur dheweke
lunga ninggalke aku karo Yanto. Aku ameh nyusul Linda nanging aku ameh rampungke
masalah iki karo Yanto.
“Yan, sedurunge aku jaluk ngapuraya, aku ora seneng karo kowe Yan, sing
seneng karo kowe ki Linda. Ya wis ya, aku tak nusul Linda dhisik, mesakne wonge
nangis.”
“Yo din, aku jaluk pangapura mergo aku, Linda dadi salah tampa.”
“Wis rapapa, tak rampungke masalah iki karo Linda.” (Aku banjur nusul
Linda). Bar
kedadean kui Linda nesu karo aku, sms-ku ora tau dibales, pas ketemu ning kampus
dheweke meneng wae, saben tak cedaki dheweke langsung lunga.
Wis sesasi Linda ngenengke aku, akhire tak wani-wanine omong
nyang Linda. Bar kuliah Linda tak jak menyang taman, enek taman tak
jelaske kedadean sing sabenere.
“Ngene lo
lin, aku karo Yanto ki ora pacaran, aku karo Yanto mung kanca biasa. Aku ijik
tetep milih kowelah mosok aku nikung kanca.” omongku.
“Halah
ngaku wae lo Din, nek kowe ki pacaran karo Yanto.” saure Linda karo nesu.
“Ora yo
Lin, kowe wis retikan aku wonge kepiye, aku ora tau nikung kanca. Pas kowe teka aku durung nyauri to?, kowe durung reti wangsulanku to?. Aku ki nolak Yanto amarga
aku ora seneng karo Yanto. Lak sing seneng karo Yanto ki kowe, aku gur nganggep
Yanto ki kanca biasa. Awale aku dijak ketemu Yanto jarene ameh omong penting,
tak kira kuwi maslahmu karo Yanto. Yanto malah omong menyang aku nek dheweke
seneng.”
“Sepurane
yo Din,
nek aku wis salah tompo menyang kowe sakwene iki.”
“Orapapa Lin, aku yo jaluk pangapura nek duwe salah menyang kowe.”
Bar
kedadean salah tampa iku akhire aku lan Linda tambah raket kekancanane. Aku lan Linda ora tau nesu-nesunan
maneh, kene sakiki luwih jaga kekancan tinimbang liyane.
~ C U T
H E L ~



