Rabu, 22 Mei 2019

TULADHA CRIKAK (CRITA CEKAK)


SALAH TAMPA


Dak etung-etung wis meh setaun aku kuliah ning UNS.  Dumadakan aku kelingan pas jaman-jaman PKKMB.  Pas PKKMB  rasa panas, adem, susah, seneng  lan kesel dak lakoni kanthi bareng-bareng kanca sing lagi wae aku kenal.  Salah sawijining kanca sing tak kenal banget  jenenge Yanto. Yanto iku kancaku kelompok PKKMB lan kancaku saprodi. Aku karo Yanto bareng terus sakwene PKKMB. Sawijining dina, aku dititipi Yanto kuitansi kanggo jupuk kaos dinggo dina terakhir PKKMB yaiku acara Student Vaganza. 
Esuke sak durunge kumpul ing stadion, aku janjian ketemu karo Yanto dhisik ning parkiran. Pas aku wes tekan parkiran, aku nunggu Yanto suwe banget, sekitar sejam luwih Yanto lagi teka. Akhire aku nyeneni Yanto amarga wonge ora teka-teka.
“Kowe ki suwe tenan jane nyangdi wae kat mau ?” omongku karo nesu –nesu.
“Yo sepurane, aku mau oleh alangan ning ndalan.” saure Yanto .  
“Alangan apa ?”
“Mau pitku kebanan gek durung enek bengkel sing bukak, dadi aku nunggu bengkele bukak dhisik.”
“Ya wis ya wis gek endang ayo selak acarane wiwit” ajakku. Banjur aku ngancani Yanto ganti. Acara Student Vaganza kaleksanan kanthi lancar tanpa alangan.
Sakwise PKKMB, aku wis ora tau ketemu Yanto amarga ora sak kelas uga wis ora tau enek kabar saka Yanto. Nanging aku ratau gagas Yanto amarga sing uwis yo wis aku wis oleh kanca anyar meneh. Kancaku sing iso ngerteni aku lan enek pas aku lagi seneng lan susah. Kancaku kuwi jenenge Linda, wonge apik eram karo aku wis tak anggep keluargaku dewe.
Sawijing dina Linda dolan menyang kostku, dheweke curhat menyang aku nek lagi seneng karo kancane sak prodi.
“Sapa kanca sing mbok senengi Lin ?” takonku.
“Si Yanto kae lo Din cah kelas c sing ganteng dhewe.  saure Linda.
“Sing ndi to Lin, tak delok fotone.
“Iki lo Din.” (karo duduhne foto menyang Dina).
“Oalah iki to, Yanto kancaku pas PKKMB. Cie cie sing lagi bungah eram.
“Ndang Din, takokono Yanto kepiye rasane menyang aku ?”
“Gampang mengko tak takokne Yanto.”
“Suwun ya, kowe kancaku sing paling apik dhewe.”
Sakwise Linda curhat, aku dadi pengen takok kabare Yanto. Akhire tak wani-wanine aku sms Yanto disik nakokne kabare kepriye.  Saben dina akhire aku sms-an karo Yanto. Saya suwe aku wani-wanine omong nyang Yanto nek Linda seneng karo dheweke. Nanging wangsulane Yanto malah gawe aku bingung.
Wis seminggu aku ora sms-an karo Yanto. Pas aku lagi gojekan karo Linda, hpku muni enek sms mlebu. Pas tak bukak jebule sms kuwi saka Yanto. Tak waca karo delik-delik supaya Linda ora ngerti yen Yanto sms aku.
“Din, bar kuliah iso ora ketemu dilit ?” pitakone Yanto. Aku dredek amarga Yanto ngajak ketemu.
“Enek apa Yan ?”  takonku.
“Enek sing ameh tak omongke karo kowe Din.”
“Ameh omong apa to Yan, bok sakiki wae.”
“Mengko wae Din, nek ketemu wae, soale iki penting.”
Ya wis ya wis, ana ngdi ketemune ?”.
“Ana taman, tapi kowe aja karo Linda ya.”
“Iya Yan.”
Sakwise pakuliahan rampung aku langsung pamitan nyang Linda nek ameh menyang taman. Awale Linda ameh melu tapi aku golek alesan supaya Linda ora melu. Pas aku tekan taman nek kana wis ana Yanto sing lagi lungguh nunggoni aku. Aku langsung mlayu lungguh ning sampinge Yanto.
“Arep omong apa Yan ?”. takonku karo menggeh-menggeh.
“Ngene Din, a….ak..aku …sakjane…”.
“Sakjane ana apa to Yan ? Jare enek sing penting ?”.
“Ngene Din, aku sebenere seneng karo kowe. Aku krasa nyaman karo kowe kat awal PKKMB .”
“Weh, kok malah dadi kaya ngene, sing seneng karo kowe kan Linda.”
“Aku ra seneng karo Linda Din, senengku gur karo kowe.”
Ujug-ujug Linda teko ning ngarepku lan Yanto, dheweke nangis amarga krungu apa sing diomongke Yanto. Linda muring- muring ning aku banjur dheweke lunga ninggalke aku karo Yanto. Aku ameh nyusul Linda nanging aku ameh rampungke masalah iki karo Yanto.
“Yan, sedurunge aku jaluk ngapuraya, aku ora seneng karo kowe Yan, sing seneng karo kowe ki Linda. Ya wis ya, aku tak nusul Linda dhisik, mesakne wonge nangis.”
“Yo din, aku jaluk pangapura mergo aku, Linda dadi salah tampa.”
“Wis rapapa, tak rampungke masalah iki karo Linda.” (Aku banjur nusul Linda). Bar kedadean kui Linda nesu karo aku, sms-ku ora tau dibales, pas ketemu ning kampus dheweke meneng wae, saben tak cedaki dheweke langsung lunga.
Wis sesasi Linda ngenengke aku, akhire tak wani-wanine omong nyang Linda. Bar kuliah Linda tak jak menyang taman, enek taman tak jelaske kedadean sing sabenere.
“Ngene lo lin, aku karo Yanto ki ora pacaran, aku karo Yanto mung kanca biasa. Aku ijik tetep milih kowelah mosok aku nikung kanca.” omongku.
“Halah ngaku wae lo Din, nek kowe ki pacaran karo Yanto.” saure Linda karo nesu.
“Ora yo Lin, kowe wis retikan aku wonge kepiye, aku ora tau nikung kanca. Pas kowe teka aku durung nyauri to?, kowe durung reti wangsulanku to?. Aku ki nolak Yanto amarga aku ora seneng karo Yanto. Lak sing seneng karo Yanto ki kowe, aku gur nganggep Yanto ki kanca biasa. Awale aku dijak ketemu Yanto jarene ameh omong penting, tak kira kuwi maslahmu karo Yanto. Yanto malah omong menyang aku nek dheweke seneng.
“Sepurane yo Din, nek aku wis salah tompo menyang kowe sakwene iki.”
“Orapapa Lin, aku yo jaluk pangapura nek duwe salah menyang kowe.”
Bar kedadean salah tampa iku akhire aku lan Linda tambah raket kekancanane. Aku lan Linda ora tau nesu-nesunan maneh, kene sakiki luwih jaga kekancan tinimbang liyane.

~ C U T H E L ~





24 komentar:

  1. Ceritanya bagus banget min,sukaa deh kya ceritaku dulu banget nihh ehe
    Ditunggu cerita" selanjutnyaa yaa

    BalasHapus
  2. Waah seru kak, next ditunggu karya yg lain ♥️

    BalasHapus
  3. Ceritanya menarik. Like like

    BalasHapus
  4. Ceritanya sangat menarik kak . Keren

    BalasHapus
  5. Aku suka ceritanya kak. Ditunggu karya selanjutnya. Salam kenal ya.

    BalasHapus
  6. Aku suka 2hal dalam cerita ini. Yaitu cerita dan pengarang itu sendiri.

    BalasHapus
  7. Bagus kak ceritanya. Ditunggu karya lainnya ya

    BalasHapus
  8. materinya lengkap kak, cocok buat bahan ajar bahasa Jawa ^_^

    BalasHapus
  9. Wawww kaya kisah beneran ya min, mantull jadi terhuraaaa :^

    BalasHapus
  10. ceritanya bagus sekali, ditunggu cerita-cerita selanjutnya.

    BalasHapus
  11. Di tunggu cerita selanjutnya mbak...

    BalasHapus
  12. Ceritanya menghibur banget 👍 ditunggu karya" selanjutnya kak

    BalasHapus