Crikak (crita cekak) yaiku gancaran sing ngandharake sarining kedadeyan utawa lelakon saka awal nganti pungkasan kanthi cekak lan prasaja. Crikak iku dumadi saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa. Kang mbedakake crikak karo crita liyane yaiku crikak iku diceritakake sepisan rampung lan bisa nuduhake karampungan crita. Crita cekak namung tinulis kanthi cekak lan prasaja. Surasane crita uga mung prasaja, ora butuhake cara ngrampungake kanthi jlimet.
2. Unsur Crikak
Unsur intrinsik ing crikak yaiku :
a. Tema
Tema yaiku ide pokok utawa masalah sing utama kang dhasari lakuning crita.
b. Setting
Setting yaiku latar sing bantu cethaning laku crita. Setting iku ngemot wektu, papan/
panggonan, sosial budaya.
c. Punjering crita (sudut pandang)
Punjering crita diperang dadi 3, yaiku sudut pandang paraga utama, sudut pandang paraga
bawahan, sudut pandang impersonal.
d. Alur/plot
Alur/plot yaiku rerangkening/cengkoranganing prastawa/kedadeyan ing crita. Alur diperang
dadi 2 perangan, yaiku alur maju (progresif) lan alur mundur (flash back progresif).
e. Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere
saka tumindake, ciri fisike, lingkungan, lan sapiturute.
f. Konflik
Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita. Konflik ing crikak pancen diketokake prakara apa
kang dadekake crita iku narik kawigaten.
Unsur ektinsik ing crikak yaiku :
a. Nilai kang kamot ing sajroning crikak
Nilai kang apa ing crikak yaiku nilai budaya, nilai sosial, nilai moral, nilai keagamaan/ religi,
nilai pendidikan, lan nilai kemanusiaan.
b. Latar belakang pangarang3. Tuladha Crikak
![]() |
| https://publicdomainvectors.org/id/bebas-vektor/Gambar-muda-pria-dan-wanita-di-luar-baris-vektor/32312.html |
BALINE KANCA CEDHAK
Esuk
iki aku karo kancaku mlaku – mlaku ning daerah desa Pandan. Ora kaya biasane
hawane dina iki luwih adem mergone wingi bar udan. Embun kang isih ana ning
dhuwur godhong lan manuk – manuk sing pada miber ngalor ngidul ngetan ngulon,
angin kang semripit uga mambu lemah sing marai ning ati ayem nambah suasana
desa dadi sejuk iki. Aku karo Riyana dek wing wis janjian nek mangkate bar
subuh. Tapi ngasi jam 5 kurang 10, Riyana ora teka- teka. Akhire aku mangkat
karo ngampiri dheweke.
“
Assalamualaikum” ( omongku karo ndodoki lawang ning omahe Riyana) .
Tak undangi suwe tapi
kok ora enek swarane,
“Apa
mungkin Riyana isih turu ya ?” (gunemku ning ati).
Amarga ora enek sauran
lan tak sms ora dibales akhire aku nekat mangkat dhewe. Lagi ameh mlaku
ninggalke omahe Riyana, aku krungu ana sing bukakne lawang.
“
Eh, Lin kosek – kosek enteni, tak sholat sek ya, reneo sek lungguh ning kene” (
omonge Riyana karo mlayu ning jero omah)
Aku mlaku meneh nyang
ngarep omahe Riyana lan lungguh – lungguh ning kursi ing ngarep omahe Riyana.
“ Ayo Lin, aku wis siap , sido to ?”
“ Yo jelas sidolah, nek ra sido ngopo aku tekan kene
barang”
“ Yo wis ayo” ( omonge Riyana karo narik tanganku)
Ning
dalan aku rada pegel merga Riyana tangine rada awan. Pas aku mlaku – mlaku wis
ameh tekan sawah aku ketemu karo rombongan cah lanangan sing saka arah liya
padha mlaku – mlaku. Ning desa iki akeh wong –wong tuo uga remaja sing padha
mlaku – mlaku ing wayah esuk. Pas ameh papasan karo rombongan kuwi aku kaya
kenal salah sijine uwong yaiku sing paling buri dhewe. Wong kuwi mau ngobrol
karo kanca – kancane nanging pas ameh cedak aku wong kuwi mau nemetke aku, bar
kuwi wonge kuwi langsung kaya ra kenal ngono kae. Kancane kabeh podo ngosoni
aku karo wong kuwi. Nanging aku langsung ngajak Riyana mlaku rada cepet
ninggalke rombongan kuwi.
“ Eh, Lin bukane kuwi mau Goldhi ?”
(pitakone Riyana ning aku )
“ Iyo Ri, kuwi mau Goldhi” ( saurku)
“ Weh, bukane kowe cedak ya karo
kono, lha kok Goldhi kaya ora kenal kowe ngono Lin”
“ Mbuh Ri, bar kedadean kae kono
rada piye ngono lo nyang aku”
“ Weh kedadean apa to Lin, kok kowe
ra crito apa – apa nyang aku”
“ Ngene lo Ri tak critani, 2 tahun
biyen aku emang cedak karo Goldhi nanging pas ana salah paham antara aku karo
Goldhi, dheweke rada piye ngono nyang aku, ya kaya kuwi mau”
Aku
dadi kelingan 2 tahun kepungkur pas isih cedak karo Goldhi.
Aku
karo Goldhi ki cedak banget ngalor ngidul ngetan ngulon mesti cah loro kuwi
wae. Aku karo Goldhi cedake mergo awake kerep latihan band bareng lan manggung
bareng. Nganti kanca – kanca band ki padha reti nek aku karo Goldhi lagi cedak.
Goldhi kuwi wonge ireng manis, pinter nyanyi ,dheweke sopan lan apik atine.
Mulo kuwi aku dadi kesengsem karo Goldhi. Pas salah sawijing dina meh pentas ning acara
Alas Kitchen aku wis janjian karo Goldhi ning kono. Tapi gara – gara Goldhi ora
bales smsku akhire aku sms nyang kancaku sing pentas dina kuwi. Aku takok bande
Goldhi tampil jam piro, eh ternyata tampil jam 9. Sedurunge aku mangkat aku yo wis diampiri
nyang kancaku jenenge Gepeng. Gepeng kuwi seneng karo aku nanging aku gur
nganggep kanca biasa.Gepeng tak kon mangkat dhisik nanging dheweke ngekei
syarat nyang aku, nek aku dikon nonton dheweke nyanyi. Tenyata Gepeng tampile
sedurunge Goldhi, aku langsung siap – siap menyang Alas Kitchen.
Pas
teka tempate aku bingung meh lungguh ngendi soale nggon kono kebak kabeh. Ujuk
– ujuk Gepeng teka nyedaki aku, pas saat kuwi Goldhi mudeng dikirone aku
pacaran karo Gepeng. Semenjak kuwi aku karo Goldhi ra tau hubungan.
“ Weh, apa ra tok jelasne to Lin ?”
“ Uwis Ri, nanging Goldhi ra tau
ngrungokne penjelasanku, wonge keras kepala banget nek wis cemburu ki, aku
bingung kudu piye mosok dheweke nganggep aku kaya musuh”
“ Piye yo Lin” ( Riyana mikir –
mikir ) “ Eh, Goldhi isih ngeband ora ?”
“ Isih Ri, jenenge nek ra salah
Break The Limit”
“ Break The Limit ? pas banget aku
duwe kanca ning kono” ( saure Riyana)
“ Sopo Ri ?”
“ Taufiq, wonge apik kok , mengko
tak takokne dhisik supaya kowe iso kancanan meneh karo Goldhi”
“ Ok Ri, kowe kancaku sing paling
apik dewe, usahane ya aku wegah musuhan soale mosok gur mergo kaya ngono nganti
sakiki ora akur” ( omongku karo ngrangkul Riyana )
Ora
krasa lehku mlaku – mlaku wis awan aku karo Riyana age – age mulih, merga durung umbah - umbah. Sedurung menyang omah dewe – dewe aku mesen nyang Riyana
supaya ora lali nakokne nyang Taufiq.
Wis
seminggu iki kok Riyana ora ana kabar, padahal aku ning kene nunggoni kabare
sing ameh ngewangi aku ben akur meneh karo Goldhi. Lagi ameh sms Riyana, ujuk
–ujuk Riyana sms dhisik nyang aku ngajak ketemuan. Aku langsung siap – siap
nyang panggonan sing wis ditentokne.
Pas
aku tekan kono aku ra nyangka nek enek Taufiq karo Goldhi, aku isin jane meh
rono tapi merga aku wegah musuhan tak wani – wanine rono. Aku langsung ngundang
Riyana, nyang Riyana langsung kon lungguh, tapi wajahe Goldhi ra menaki.
“ Wis lah Go, wis 2 tahun kepungkur
apa kowe karo Linda gur meh kaya ngene wae, jenenge salah paham ki wis kulino,
tapi kan kudune bisa dirampungke, kowe karo Linda yo wis gedhe bisa mikir ndi
sing apik ndi sing ora to ?” ( omonge Riyana nyang Goldhi)
“ Iyo Go, aku jaluk ngapura nek pas
kedadean kae kowe salah paham nyang aku, tapi aku jaluk tulung awake dhewe aja
ngene wae, akur ben bisa kekancan meneh”
“ hmm,,, iyo Lin, aku wis mudeng
critane kepiye, aku wis dicritani nyang Riyana karo Taufiq, aku ya jaluk
ngapura nek aku wis salah paham karo kowe” ( Jawabe Goldhi)
“ Nah, ngono to disawang kan penak,
nek enek salah paham ki langsung dirampungke wae ben ra kedawa – dawa” ( omonge
Taufiq )
“ ehem – ehem bisa cedhak meneh iki,
kan padha – padha jomblo” ( omonge Riyana)
“ he, apa sih Ri” ( saurku karo
njiwit Riyana)
Saka
masalah iki aku, Riyana , Godhi, Taufiq dadi kanca lan aku karo Goldhi dadi
cedhak meneh. Aku karo Goldhi dadi jikuk hikmah saka masalah iki lan duwe
prinsip nek enek salah paham langsung dirampungke apik – apik lan bisa hargai
pendapate wong liya.
~ C U T H E L ~

Waw seruu ceritanyaa. Lagi dong kak
BalasHapusWaw seruu ceritanyaa. Lagi dong kak
BalasHapusMenarik. Lanjut min
BalasHapusDitunggu karya selanjutnyaaa 😍
BalasHapusCeritane ringgan tp bagus...natural bgt...ditunggu cerita selanjtnya..🤗
BalasHapusok kak
HapusWahhhh bagus batsss critanyaa kakk
BalasHapusBagus, tingkatkan
BalasHapussiap mbak 😊😊😊
HapusSangat menginspirasi 😊
BalasHapusterimakasih kak
HapusBisa buat referensi ka:)
BalasHapus