1. Pangerten Pawarta
Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenai sawijing prastwa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Pawarta (news) uga bisa diarani sawijining sajian utama kang ana ing mediya massa kajaba opini (views). Golek bahan kanggo pawarta banjur ngrakit minangka salah sawijining tugas pokok wartawan lan bagian redaksi ana ing penenrbitan pers (media massa).
Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) yaiku : a. tinemu ing akal (penalaran logis);
b. informasi pepak kang jumbuh karo 5W+ 1H;
c. struktur basa kang trep;
d. diksi trep ora ambigu;
e. marik kawigaten;
f. basa kang nengsemake.
2. Perangan Pawarta
a. Headline (judul/irah-irahan)
headline yaiku irah-irahan kang gunane kanggo : nggampangke pamaca ngereteni
pawarta kang bakal diwaca, nudukake pawarta kang dianggep wigati kanthi werna-
werna aksara utawa gambar.
b. Deadline (batas wektu)
Deadline yaiku nuduake papan kedadeyan lan jeneng media massa. Mula perangan
iki nyebut jenenge media massa, papan, lan tanggal kedadeyan
c. Lead (teras pawarta)
lead biyasane katulis ing wiiwtan pawarta/ing paragraf kapisan. Bab kasebut tinulis
amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati
pawarta, lan gambarake sakabehe pawarta.
d. Body language (surasane pawarta, bahasa tubuh) Surasane nyritakake prastwa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos lan cetha.
a. Aktual (anyar)
b. Jarak (adoh/cedhak)
c. Penting.
d. Akibat
e. Congkrah/konflik
f. Tintrim (ketegangan)
g. Kemajuwane inovasi utawa teknologi
h. Emosi
i. Humor
4. Unsur Pawarta
Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W (what,where,when, why, who) +
1 H (how) - (apa, ing ngendi, kapan, kenapa, sapa, kepriye).
5. Tuladha Pawarta
LINDHU ING SITUBONDO
Kemis,
11 Oktober 2018 tabuh 1:44 WIB, wonten lindhu kakiyatan 6,4 SR ngguncang dhaerah
Situbondo, Jawa Timur. Lindhu kasebut miturut informasi saking Badan
Meteorologi Klimatologi dan Geofisika (BMKG) pusat lindhu wonten ing 61 km sisih
wetan laut Situbondo, Jawa Timur, amargi obahipun sesar kambing ing jero
lempeng. Titik Koordinat lindhu kasebut inggih punika 7,42 LS lan 114,47 BT.
Lindhu kang jerone 10 km saking segara kasebut
boten nimbulaken tsunami. Miturut Kepala Pusat Data Informasi dan Humas Badan
Penanggulangan Bencana (BNPB), Sutopo Purwo Nugroho, wonten tiga tiyang ingkang
seda, sekawan tiyang nandang tatu, lan wonten griya ingkang rusak ing Kabupaten
Sumenep. Dhaerah ingkang ngalami kerusakan parah wonten ing Kecamatan Gayam,
Kepulauan Sepudi, Kab. Sumenep, Jawa Timur. BPBD Provinsi Jawa Timur lan BPBD
Kabupaten Sumenep taksih ngempalaken dhata babagan kerusakan bangunan.


materinya sangat membantu untuk belajar berita bhs jawa. nuwun
BalasHapusiya mas 😊
Hapusilmunya sangat bermanfaat, makasih kak
BalasHapusBagus sekali kak materinya bisa untuk belajar
BalasHapusBagus kak.makasih info nya buat belajar
BalasHapusiya kak 😊
HapusMateri sangat bagus. Bisa dijadikan bahan ajar siswa SMP maupun SMA tentang berita bahasa jawa. Ditunggu materi selanjutnya kak, terimakasih sudah berkenan untuk berbagi informasi
BalasHapusBagus dek materinya...bs tuk bljr bahasa jawa yg sdh mulai terkikis
BalasHapusterimakasih kak ☺️
HapusTerimakasihh kak, sangat membantu beljar bgt materinya
BalasHapusterimakasih kak 😊😊😊😊
Hapusalhamdulillah dapat materi lagi
BalasHapusMaterinya sangat membantu ka
BalasHapusterima kasih sdh djbantu dg materi ini "pawarta"
BalasHapusTerima kasih sudah dibantu dengan material
BalasHapus